Anane globalisasi wis akeh pangaribawane tumrap bangsa Indonesia, kang uga ndadekake masalah tumrap kalanggengane kabudayan dhaerah. Bab iku wis nyata pengaruhe tumrap kabudayan Jawa. Masyarakat Jawa saya suwe saya luntur tresnane marang kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa wis kadheseg karo kabudayan manca sing kanthi gampang lumebu ing wewengkon Indonesia mligine Jawa.
Teknologi, komunikasi,lan transportasi jaman saiki ngrembaka kanthi cepet,miturut pangandikane Roger Moore menawa teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan kang saya apik (canggih). Contone kayata handphone, komputer, lan piranti elektronik liyane, sedhela-sedhela metu merk utawa modhel anyar tur sangsaya apik. Pangrembakaning teknologi informasi lan komunikasi mau kang njalari owah gingsir kabudayan Jawa.
Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki bangsa-bangsa kudu banget anggone ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca. Ngugi Wa Thiong’o uga winasis saka Kenya uga ngandharake menawa dunia barat mligine Amerika Serikat kaya-kaya lagi nguntalake bom budaya tumrap bangsa-bangsa ing saindhenging jagad. Dheweke lagi mbudidaya ngosak-asik budaya pribumi saengga bangsa-bangsa kasebut bingung golek jatidhiri lan identitas negarane.
Bab iku wis kabukti ngenani budaya Jawa kang nyata wis kedheseg budaya manca. Wong Jawa wis arang sing ngulinakake basa Jawa tumrap putra-putrane. Wiwit lair wis dijak guneman nganggo basa Indonesia. Kamangka ngulinakake basa Jawa padha karo ngulinakake ngajeni wong liya, amarga basa Jawa ngemot etika nengenake unggah-ungguh kang ora diduweni basa liyane. Mula wong Jawa banjur ora wani guneman nganggo basane dhewe (Jawa) kuatir salah. Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane. Tuladha liyane kaya kasebut ing ngisor iki :
Basa. Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris). Malah syarat kanggo ngleboni pagawean uga kudu bisa basa Inggris aktif. Kabeh mau njalari wong Jawa rumangsa ora kanggo anggone nyinau basa Jawa. Apa maneh wong tuwa wis ora ngulinakake basa Jawa marang putrane. Yen ngono apa suwe-suwe basa Jawa bakal mati ?. Kandhane Hiro mahasiswa Jepang kang sinau basa Jawa ing Jurusan Bahasa Daerah ing salah sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta, menawa dheweke duwe ancas sawise lulus bakal ngedegake lembaga basa Jawa ing Jepang. Wah yen ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang. Malah dheweke uga ngandhakake menawa meh saben kampung ing Jepang duwe perangkat gamelan. Malah ing wewengkon Jawa dhewe ora saben desa duwe perangkat gamelan, ora saben sekolahan duwe perangkat gamelan, duwea uga durung mesthi digunakake kanthi becik.
Pangan. Bocah jaman saiki luwih kenal fried Chicken, Hotdog, Pizza, tinimbang gathot, thiwul, pelas, buntil lan sapanunggalane kang asli saka Jawa. Kamangka satemene panganan manca mau akeh ngandhut zat kang mbilaheni menawa dipangan saben dina. Bocah ing jaman saiki menawa ora kenal Fried Chicken, Hotdog, Pizza, lan sapanunggalane dianggep ora gaul. Angger wis bisa mangan nganggo panganan saka manca banjur rasane marem banget.
Ing babagan tatakrama uga mrihatinake, umpamane tatakramane mangan uga saiki ora pati digatekake maneh, jaman biyen wong mangan ora prayoga menawa sinambi ngadeg, mlaku-mlaku, omongan,lan sapanunggalane. Nanging jaman saiki mangan karo ngadeg, mlaku-mlaku, lan karo sinambi omongan wis dianggep lumrah, tuladhane ing gedhung-gedhung nalika acara pahargyan manten, kabeh tamu anggone dhahar ngadeg, kamangka tamune saka kalangan priyayi-priyayi lan para winasis kang luwh pana ing babagan tatakrama.Yen mangkono banjur sapa sing salah ?
Babagan sandhang panganggo. Para mudha saiki luwih seneng nyandhang sandangan merk saka manca sing durung mesthi trep karo kabudayan Jawa.Wong jaman saiki sandhangan sing dienggo milih sing mayar praktis, simple. Sandhangan Jawa mung kari dienggo ing pahargyan mantenan lan acara-acara liyane.
Wah kula remen kalawan serat panjenengan punika Bu. Nderek tepang nggih.
BalasHapus