Sabtu, 19 November 2011

Pitutur Luhur

  1. Adigang adigung adiguna
Tegese adigang adigung adiguna yaiku menawa nglakoni urip iku ora prayoga ngendelake kekuatan (adigang), ora nendelake kaluhuran drajad lan pangkat (adigung), lan ora ngendelake kapinteran (adiguna). Kabeh mau  dicakake ana ing pasrawungan kanthi solah bawa andhap asor, ora umuk, ora pamer, lan ngajeni wong liya.

2.  Ambeg utama
Tegese kesadharan sarta keyakinan nyinau, nindakake, utawa ngecakake budi pakarti luhur. Cak-cakane ing pasrawungan yaiku kanthi   ati kang sumeleh, tulung-tinulung, guyup rukun, ngendhani sipat angkara murka, lan ngedohi tumindak ala, lan menehi tuladha sing apik.

3. Andhap asor
Tegese andhap asor yaiku ora nengenake kaluwihane awake dhewe, lan ora mburu ngungkuli/ngluwihi wong liya. Cak-cakane ana ing pasrawungan yaiku urip kanthi prasaja, ora pamer, orang anggak.

4.Aja rumangsa bisa, nanging bisa rumangsa, mobah mosik iku kersaning Allah Hyang Sukma
Yaiku kesadharan menawa manungsa iku kudu bisa  ngajeni marang wong liya. Manungsa ora duwe kaluwihan apa-apa kabeh mau kodrate Allah.

5. Ajining dhiri gumantung ing lathi
Tegese manungsa iku diajeni orane gumantung lisane anggone omong. Cak-cakane ing pasrawungan yaiku kanthi ngati-ati nalika guneman, lan tumindak jumbuh karo kasunyatan.

6. Asih, asah, asuh
Tegese tansah tresnani (asih), aweh pasinaon (asah) tulung tinulung (asuh), kanggo ngayuh katentremaning urip ing madyaning bebrayan. Wujud pangetrape ing pasrawungan kanthi nengenake gotong royong, tilung tinulung, dhemen weweh kanggo nggayuh karaharjaning urip.

Kamis, 17 November 2011

GEGURITAN 2


KIDUNG WENGI

Wengi adhem kekes
Tan ana saweneh
Kang bisa agawe anget swasana
Tak rasa sakupengku sepi
Nyenyet, tan ana swara
Kejaba swarane walang wengi

Tak sawang bocah loro
Kang lagi ing alam pangimpen
Impene dina wuri kang ilang
Ngarep arep dina sesok kang kebak pangimpen endah
Dina sesok kang kebak katresnan
Katresnane bapa biyung
Katresnane sapepadhane
Katresnane sanak sadulur
Lan katresnane Gusti
Pangajaape kabeh katresnan langgeng

Wengi saya adhem njekut
Ngrasuk tumeka balung sungsum
Rasa kepengin mlebu ing alam pangimpen
Kaya  endahing impene bocah loro
Nanging…
Ati iki goreh…

Denggung,8 Agt 2005
Sw.




NGGER…………………???

Rikala ing guwa garba
Biyung tansah mulasara
Rikala mijil ing donya
Biyung tansah tresna
Golek pangupa jiwa
Ing wengi lan rina
Tan saweneh rasa
Kejaba amung  tresna
Mring atmaja
Titipane Maha Kwasa
Ngger………………??
Saiki ngancik diwasa
Ora becik suwala
Ora becik duraka
Ora becik cidra
mring biyung lan bapa
ngger…………..??
biyung tansah dedonga
angger urip mulya
wusana papane surge

Denggung,28 Oktober 2005
SW


Kurda….
Kukus kumelun nasak dirgantara
Langit bang rerayungan
Wiwit madhangi jagat raya
Wukir iku agawe girising nala
Swara gumuruh wedhi sela
Gumludhug karasa ing tengahing ratri
Waspada………waspada……
Sang giri sajak kurda
Iku pacoba saka Kang Maha Kwasa
Mring para kawula
Mrih eling marang sangkan paraning dumadi
Ora degsiya
Ora duraka
Ora mangro mring pangerane
Denggung, 19 Oktober 2010
SW






MAS PANEWU

Warsa kaping nemlikur,
candra sepuluh,
warsa rongewu sepuluh,
Mas Panewu Suraksa Harga angemasi,
Wis ora kuwawa mring kurdane harga kang nggegirisi
Kahanan saiki
Wis ora ana guyune dhenok
Wis ora keprungu tangise thole
Wis ora swara peksi ing pucuking cemara
Wis ora ana maneh ijone sesawangan
Kabeh kobong,
Kabeh gosong,
Musna, kagawa iline isi bawana
Gusti ……………….
Paringana kawelasan  paduka
Paringana pengayoman mring kawula
Kawula nyuwun regeming asta paduka

Denggung, 14 Desember 2010
SW



NGENDI OMAHKU………………?

Padhang jingglang kadya ara-ara
Sapendeleng gumuk gisik lan sela
Gedhene sela gumlundhung ngebaki desa
Ganda bacin, lan abure laler-laler
Ngelingake mring isi desa
Kewan- kewan tan ana kang kumliwer
Kabeh musna, sirna, tanpa tilas
Tan ana saweneh wit-witan kang biyen ijo royo-royo
Ngrembuyung, aweh hawa seger,
Papane kewan alas sesaba
Endi omahku …
Endi omahe adhiku….
Endi daleme Pakdhe..
Endi …kabeh kok ora ana ?
Denggung, 20 Desember 2010
SW









Rabu, 16 November 2011

GEGURITAN

ENDI PAPANE .....
dening : Putri Kinasih

Padhange rembulan purnama,
tanpa mega kadya rina,
kabeh katon ngegla, cetha, terwaca
duk rikala semana bocah-bocah padha suka-suka
jlumpet, jethungan, jamuran, cublak-cublak suweng, dakon, gatheng
Saiki endi papane bocah-bocah suka gembira ?
latar wis kebak omah, datan bisa obah,
bocah padha jethungan, cublak-cublak suweng, lan jamuran wis ora ana maneh kumandange
apa ilang? apa sumimpen ing lemari wesi tan bisa binuka ?
dolanan bocah mau diijoli komik, game, internet, TV, meh kabeh budaya manca.
Endi dolanan bocah kaya wus kawuri ? endi ...aku kangen.



Pasar Ilang Kumandhange

Anane globalisasi wis akeh pangaribawane tumrap bangsa Indonesia, kang uga ndadekake masalah tumrap kalanggengane kabudayan dhaerah. Bab iku wis nyata pengaruhe tumrap kabudayan Jawa. Masyarakat Jawa saya suwe saya luntur tresnane marang kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa wis kadheseg karo kabudayan manca sing kanthi gampang lumebu ing wewengkon Indonesia mligine Jawa.
Teknologi, komunikasi,lan transportasi jaman saiki ngrembaka kanthi cepet,miturut pangandikane Roger Moore menawa teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan kang saya apik (canggih). Contone kayata handphone, komputer, lan piranti elektronik  liyane, sedhela-sedhela metu merk utawa modhel anyar tur sangsaya apik. Pangrembakaning teknologi informasi lan komunikasi mau kang njalari owah gingsir kabudayan Jawa.
Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki bangsa-bangsa kudu  banget anggone ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca.  Ngugi Wa Thiong’o uga winasis saka Kenya uga ngandharake menawa dunia barat mligine Amerika Serikat kaya-kaya lagi nguntalake bom budaya tumrap bangsa-bangsa ing saindhenging jagad. Dheweke lagi mbudidaya ngosak-asik budaya pribumi saengga bangsa-bangsa kasebut bingung golek jatidhiri lan identitas negarane.
Bab iku wis kabukti ngenani budaya Jawa kang nyata wis kedheseg budaya manca. Wong Jawa wis arang sing ngulinakake basa Jawa tumrap putra-putrane. Wiwit lair wis dijak guneman nganggo basa Indonesia. Kamangka ngulinakake basa Jawa padha karo ngulinakake ngajeni wong liya, amarga basa Jawa ngemot etika nengenake unggah-ungguh kang ora diduweni basa liyane.  Mula wong Jawa banjur ora wani guneman nganggo basane dhewe (Jawa) kuatir salah. Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane. Tuladha liyane kaya kasebut ing ngisor iki :
Basa. Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris). Malah syarat kanggo ngleboni pagawean uga kudu bisa basa Inggris aktif. Kabeh  mau njalari wong Jawa rumangsa ora kanggo anggone nyinau basa Jawa. Apa maneh wong tuwa wis ora ngulinakake basa Jawa marang putrane. Yen ngono apa suwe-suwe basa Jawa bakal mati ?. Kandhane  Hiro mahasiswa Jepang kang sinau basa Jawa ing Jurusan Bahasa Daerah ing salah sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta, menawa dheweke duwe ancas sawise lulus bakal ngedegake lembaga basa Jawa ing Jepang. Wah yen ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang. Malah dheweke uga ngandhakake menawa meh saben kampung ing Jepang duwe perangkat gamelan.  Malah ing  wewengkon Jawa dhewe ora saben desa duwe perangkat gamelan, ora saben sekolahan duwe perangkat gamelan,  duwea uga durung mesthi digunakake kanthi becik.
Pangan. Bocah jaman saiki luwih kenal fried Chicken, Hotdog, Pizza, tinimbang gathot, thiwul, pelas, buntil lan sapanunggalane kang asli saka Jawa. Kamangka satemene panganan manca mau akeh ngandhut zat kang mbilaheni menawa  dipangan saben dina. Bocah ing jaman saiki menawa ora kenal Fried Chicken, Hotdog, Pizza, lan sapanunggalane dianggep ora gaul. Angger wis bisa mangan nganggo panganan saka manca banjur rasane marem banget.
Ing babagan tatakrama uga mrihatinake, umpamane tatakramane mangan uga saiki ora pati digatekake maneh, jaman biyen  wong mangan ora prayoga menawa sinambi ngadeg, mlaku-mlaku, omongan,lan sapanunggalane. Nanging jaman saiki mangan karo ngadeg, mlaku-mlaku, lan karo sinambi omongan wis dianggep lumrah, tuladhane ing gedhung-gedhung nalika acara pahargyan manten, kabeh tamu anggone dhahar ngadeg, kamangka tamune saka kalangan priyayi-priyayi lan para winasis kang luwh pana ing babagan tatakrama.Yen mangkono banjur sapa sing salah ?
Babagan sandhang panganggo. Para mudha saiki luwih seneng nyandhang sandangan merk saka manca sing durung mesthi trep  karo kabudayan Jawa.Wong jaman saiki sandhangan sing dienggo milih sing mayar praktis, simple. Sandhangan Jawa mung kari dienggo ing pahargyan mantenan lan acara-acara liyane.